Mengenal Kesenian Berokan

 

 

 

 

 

 

 

 

Jalurpantura.com - "Bérokan iku apa sih?. ”Jaré sih, kesenian bérokan wis ana atusan taun sing wis kléwat. Kasebuté yaiku “barong”. Wis ana sing awit sedurungé agama Islam kasebar ning Dermayu, atawa ning Pulo Jawa. Ning zaman Hindu, wujud seni bérokan/barong dianggep lambangé keperkasaan. Uga ana kaitan karo Syiwa-Durga. Mengkonon, jéh.

Terus ning zaman Islam (awit taun 1400-an) bérokan ditapsiraken dadi barokahan, kayadéné jaré Mbah Kuwu Sangkan (Pangeran Cakrabuwana). Ning kono kesenian bérokan digawé supaya warga beli wedi ning barong, semacem mitos Calon Arang (Bali). Malahan dadi dolanan sing gawé akrab.

Tapi, ana maning pandengan séjéné, yaiku bérokan bisa dadi tolak bala, kayadéné ngusir wabah penyakit ning sawiji désa. Ana istilah kirab sawan, kanggo ngilangaken wabah iku.

Ana maning sing nganggep, bérokan ning zaman bengén dadi alat syiar Islam. Anané gelaran bérokan, terus warga dadi kumpul. Mbah Kuwu Sangkan ning kono bisa nerangaken perkara agama Islam ning masyarakat.

Bérokan uga dikaitaken karo filsafat perkara jasad lan roh manusa. Sebab bérokan iku kaya makhluk. Ana endase, ana badané, ana buntuté. Pemaén bérokan sing manjing ning sajeroné bérokan, terus bisa maénaken bérokan: loncat-loncat, njogéd-njogéd, mlayu-mlayu, ngocéh-ngocéh, nembang-nembang, sampé ngudag-udag bocah.

Ning kono ibaraté wong iku yén lagi urip, bisa apa baé. Bisa duwé kuasa, bisa gawé sekarepé. Wong urip iku duwé ambekan, duwé kepéngénan, duwé napsu.

Sewaktu gelaran bérokan pragat, pemaén bérokan metu sing karung berokan. Berokan mau diklumprukaken. Bérokan wis beli bisa loncat-loncat maning, njogéd-njogéd maning, mlayu-mlayu maning, ngocéh-ngocéh maning, nembang-nembang maning, sampé ngudag-udag bocah maning. Nah, ning kono ana ibarat, yaiku antara jasad lan roh.

Bérokan iku ibarat jasad. Pemaén berokan iku ibarat roh. Mulané yén roh wis metu sing jasad, akibaté jasad wis beli bisa apa-apa. Kayadéné bérokan, mung nglumpruk beli duwé daya apa-apa, kerna ditinggal pemaené.

Kiyen sing bisa dadi ingetan ning manusa sekabéh. Sebab sejatiné manusa iku duwé jasad lan roh. Yén roh wis dicabut metu, jasad wis beli duwé daya apa-apa. Mati.

Mengkonon, jéh Lur.

Tapi, ndeleng Féstival Bérokan wingi kayané wis dadi kesenian sing duwé isi mung hiburan. Sipaté hiburan lan gawé seneng wong nongton. Pancén akéh kesenian sing duwé latar filsafat, syiar, lan tapsiran sing séjéné. Dudu bérokan baé. Kayadéné wayang kulit, wayang golek cepak/menak, genjring, lan séjéné uga duwé latar kaya konon. Tapi ning zaman sekiyen, kegunanané wis dadi hiburan lan nyenengaken.

Mengkonon, Lur.
Bener beli, ya?

(Tulisan Supali Kasim)