Bédané Kegendor, Kegentus Karo Kegendhong

 

Jalurpantura.com - Sedulur-sedulur.

Apa bédané kegendor karo kegentus? Terus, apa duwé béda karo kegendhong?

Terus, apa bédané tabrakan karo tubrukan?

Ning tembung-tembung (kata-kata) basa Dermayu pancén nduwéni pilihan tembung sing pas kanggo nggambaraken anané kedadén. Antara gambaran sing siji karo gambaran séjéné mungkin mung secuwil bédané. Béda secuwil iku sing dadi béda aran tembung.

Contohé mau ning tembung sing ana ning duwur. Kegendor béda karo kegentus, béda maning karo kegendhong. Béda gambarané iku mungkin mung secuwil, senajan pada-pada ana “benturan” antara barang siji karo barang séjéné.

Jaré réang mengkénén:
- “kegendor” iku sawiji barang nyénggol rada santer barang séjén sing ana ning iringan. Contohé: endasé kegendor ning témbok.

- “kegentus” iku sawiji barang nyundul rada santer barang séjén sing ana ning duwurané. Contohé: endas kegentus ning pyan.

- “kegendhong” iku sawiji barang sing gedhé ketubruk barang séjén sing uga pada gedhéné sing gurian. Contohé: bokong mubil trek kegendong mubil bis.

- “tabrakan” iku sawiji barang kena barang séjéné, adep-adepan lan santer kenané, terus mbetatar utawa pada mlesaté. Contohé: motor tabrakan karo mubil, mubil tabrakan karo mubil.

- “tubrukan” iku sawiji barang kena barang séjéné, adep-adepan lan santer kenané, terus pada-pada némpélé barang-barang sing kena iku. Contohé: motor tubrukan karo mubil (motor lan mubilé masih némpél baé); mubil trek tubrukan karo mubil bis (mubil trek lan mubil bis masih némpél baé).

Apa maning bédané kesrémpéd, kesrimped, kesriwel, kesruwel? 
Terus, apa bédané kegencét, kepédhek, kegeprék, keplindes, kegiles?

Jaré réang mengkénén:
- “kesrémpéd” iku sawiji barang kena barang séjéné sing iringan, tapi mung tipis baé. Contohé: Badan mubil bis sisih kiwé kesrémpéd mubil trek.

- “kesrimped” iku sawiji barang sing ana ning sor kena barang-barang séjéné sing uga ana ning sor, tapi beli sampé nemen. Contohé: sikil wedus kesrimped tali.

- “kesriwel” iku sawiji barang sing ana ning sor kena barang-barang séjéné sing uga ana ning sor, tapi rada nemen. Contohé: sikil wedus kesriwel tali-tali sing akéh.

- “kesruwel” iku sawiji barang sing ana ning sor kena barang-barang séjéné sing uga ana ning sor, lan rada nemen. Contohé: sikil wedus kesruwel tali-tali sing akéh pisan.

- “kegencét” iku barang cilik kena barang sing luwih gedé, rada santer lan suwé, bisa ning sor, bisa ning iringan, bisa ning duwur. Contohé: kerna beli ati-ati, jriji tangané kegencét lemari sing lagi diingser.

- “kepédhek” iku barang cilik utawa sedeng kena sikil bagian sor (dlamakan) sing lagi mlaku utawa mlayu. Contohé: endog bébék pecah kepédhek sikil bocah.

- “kegeprék” iku barang cilik sing ana ning sor kena barang sing luwih gedé, santer pisan sampé pényé. Contohé: wijil-wijil suket tiké kegeprék ning palu, ya dadi kripik tiké.

- “keplindes” iku barang cilik utawa sedeng ning sor kena ban mubil sing lagi mangkat. Contohé: Pitik mlayuné ning dermaga dadi keplindes mubil.

- “kegiles” iku barang cilik utawa sedeng ning sor kena barang séjéné sing luwih gedé, sing lagi muter utawa gerakan séjéné. Contohé: gabah misah sing gagangé kerna kegiles gerakan sikil wong-wong sing lagi nggiles pari iku.

Ana maning, apa bedane murag, nepluk, niba, rigel, ribel, tigel?

Jaré réang mengkénén:
- “murag” iku barangé luwih sing siji utawa akéh, terus ujug-ujug mengesor. Contohé: kenang angin santer, akéh woh pelem sing murag.

- “nepluk” iku barangé siji, terus ujug-ujug mengesor. Contohé: kenang angin santer, ana woh pelem sing nepluk.

- “niba” iku barange siji, rada gedhé, ujug-ujug mengesor. Contohé: kapal dara rusak mesiné, dadi niba ning sawah.

- “rigél” ana sing nyebuté “tigél”, ana maning sing nyebuté “ribél”, yaiku iku barang sing ana ning boncéngan utawa ditaruh ning duwuran ujug mengesor. Contohé: sebeneré tas wis tek taléni ning guri, tapi bisa rigél/tigél/ribél sing boncéngan motor.

Ana maning béda antara nonggoni karo ngénténi. Apa bédané?
Jaré réang mengkénén:
- “nonggoni” iku barang/wong sing ditonggoni ana, sing duwé maksud supaya barang/wong iku kudu ditonggoni. Contohé: Réng lagi nonggoni bapa sing lagi lara ning rumah sakit.

- “ngénténi” iku barang/wong sing diénténi iku durung teka, sing duwé maksud arep ketemu karo barang/wong iku. Contoh: Réang lagi ngénténi batur, arep bareng-bareng mangkat plesir.

Mengkonon, Lur. Réang-réang kabéh kudu ngerti béda tembung. Aja sampé kaya batur réang nerjemahaken basa Éndonésa, “Tahun ini banyak orang naik haji”. Éééhhh... diterjemahaken ning basa Dermayu, nulise kaya kénén: “Taun kiyen akéh wong manék kaji”.

“Naik” ning basa Éndonésa pancén artiné bisa “manék”. Tapi “naik” uga bisa artiné “munggah”. Sekuduné terjemahané yaiku, “Taun kiyen akéh wong munggah kaji”.

Mengkonon, Lur.
Bener beli?

Dikutip dari Supali Kasim

Gambar orami.co.id